“Ojo sok bingungan, Le. Ojo sok gumunan. Urip kuwi mlaku terus. Pemahaman, kebijakan mestine tambah terus seiring karo urip sing mbok lakoni. Mestine, uwong tambah tuwo, tambah pengalaman, kudune uga tambah paham lan ngerti uripe. Urip mung sakdermo nglakoni. Kuwi bener, ning kudu dilanjutake. Urip kudu dilakoni kanti bener lan pener. Awake dhewe kudu ngerti tujuan urip ning alam donya iki. Nek mung asal-asalan, ya karepe urip dadi ora duwe makna, malah cenderung dadi kerep krasa nek kosong, ora ana manpangate. Kabeh dilakoni jalaran mung rutinitas”
“Wah … taksih bingung kula Rama”
“Ya … ora apa-apa Le. Lha jenenge pangerten kuwi pancen nyata kudu melalui proses kok. Dadi ya wajar wae yen awakmu durung patio dong”
“Lha terus, kados pundi ta ingkang dipun wastani uwong sing paling sae menika Ma ?”
“Lha nek njawab kaya sing mbok takokake kuwi, awake dhewe kudu balik marang karepe Gusti Alah kuwi menciptakan manugsa, Le. Gusti Allah menciptakan manungsa kuwi supaya dadi rahmatan lil ‘alamin, dadi rahmad kanggo alam semesta iki.”
“Wah … rak nggih dados jembar sanget ta Ma, maknanipun ?”
“Lha iya ta, gumantung karo kahanan lan posisi awake dhewe ta Le. Nek awakmu manggon ning dusun kene, ya kepriye caramu kanggo mbangun dusun iki sahingga masyarakate dadi guyub rukun, adil makmur. Apa wae sing mbok duweni, bisa mbok manpangatake kanggo berkarya. Pikiranmu, tenagamu, hartamu lan liya-liyane.”
“Lha menawi, kangge nguripi keluarganipun kemawon sarwi kekirangan kados pundi Ma ?”
“Ya kuwi kuwajibanmu sing utama. Lha nek kowe bisa ndadekake keluargamu dadi keluarga sing apik lan becik, kowe klebu wis nindakake sanggem lan wis bener”
“Lha menawi kula kepengin mbiyantu tetanggi ingkang kekirangan ?”
“Apik kuwi Le, sebab miturut kadis Nabi, sakapik-apike manungsa kuwi yaiku sing paling akeh menehi manpangat kanggo wong liya. Lan uga, ning kuran surat Al Isra’ ayat 7, Gusti Allah ngendika, yen kowe tumindak kabecikan artine kowe tumindak becik marang dirimu pribadi, kosok walike yen awakmu tumindak candala, awakmu dhewe kang bakal nampani bebendune.”